Selasa, 18 April 2017

Gawean langka,Apa apa larang.

Kebumen.com
Edisi ngobrol pinggir dalan

Esuk-esuk nang pasar kebumen, ana biyung biyung ngobrol karo milih dagangan nang bakul gedang karo milih regane,rega gedang larang."waduh  wis telungwulan gawean kerja proyek bangunan ora ana.siki proyeke bangun dalan kabeh,dadine bojoku sing kerja bangunan siki ngnggur ora kerja,tapi mangane ora mandeg." jere biyunge mau.

Ana maning krungu nang warung desa."Durung mbayar sekolah anak,aja maning wingi pas lombok 15O sekilo nang warung cilik 200 perak. Brambang 80.000 sekilone paceklik temenan,bingung ketemu bingung. Apa inyong thok enggane,eh aku takoni tanggaku nganah nganah pada bae paceklik,kie ceritane biyung nang pasar kebumen,"

Ana maning ceritane bakul es, ya kudu sabar kie aku wis meh 2 minggu ora dodol es wong udan.pas ora udan dodol,alhamdulilah payu.payune ora kaya biasane,ujarku rasane es ku ya enak.payune beda karo tahun tahun wingi,pada ora tuku,mbuh nangapa.

Mumet mumet temenan wis modale akeh,ora dodol mangan go apa,dodol ora payu.wis usaha pasrah bae.untung anaku wis pada rampung sekolah lanjutan.untung wis rampung sekolah.kari siji kie sing sekolah.

Ana maning ceritane bakul bekas bakul nang  nduwur sepur sing mangkal nang setasiun.mbien due kios, tapine siki ora ulih dodolan nang sepur.lumayan kasile,tapi siki ora due kios dodolan liane sing bisa urip.bakul-bakul setasiun siki ora dodol alasane meng tertib aman.tapi pedagang cilik ora urip.jane keprimen kie..?

Nah, sedina ora mesti kerja.nunggu trek teka bungkar kayu muat genteng.wis ora kaya mbien gawean langka,kembari gawean nunggu antri nang pinggir dalan.Juragan gendeng wis pada tutup usahane dadine gawean langka.mulane akeh bocah enom siki golet gawean nang kota.wong ndesa langka gawean.keprimen maning lah..! (Kebumen.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar